Senin, 02 Desember 2013

RESEP JAJANAN PASAR


CARA GAWE PUKIS
 
BAHAN
v  3 blondo endhog pitik
v  150 gr terigu
v  75 gr gula pasir alus
v  ½  sendok ragi
v  4 sendok banyu anget
v  17 ml santen kang wis di godhog nganti umeb lan wis diedemake

PIRANTI
v  Citakan pukis                                                                                      
v  Baskom                                                                                                          
v  Kompor gas                                        
v  Kocokan
v  Sendok
v  Panci  
v  Piranti kanggo manggang
v  Gelas
v  Centhong ( sing go nyiduk adonan)

CARA GAWE PUKIS
1.      Endhog lan gula pasir alus mau dikocok nganthi munggah.
2.      Yen wis munggah, banjur lebokake trigu sithik kanthi sithik karo terus di kocok nganthi kecampur rata.
3.      Banjur di sogi ragi kang wis di campur banyu anget mau. Kocok maneh nganti kecampur rata.
4.      Yen wis kecampur rata, banjur di tambahi santen sithik kanthi sithik karo terus di kudek.
5.      Sawise iku, adonan dienengake nganthi 6 jam supaya ngembang.
6.      Yen wis ngembang suntek adonan ing cetakan kang wis disiapake luwih disik lan wis di olesi minyak. Sawise iku adonan mau banjur di panggang nganthi mateng.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar